Jokowi haters vs jokowi lovers. Lah kok yo kurang kerjaan temen to yo.


Nek moco artikel sing mbahas mbahas jokowi ki kok aku dadi kemrungsung dewe, ono lovers ono haters. Sing lovers muji, sing haters rak karuan bentuke. Lah kok yo podo ribut, mbok ngono bareng2 mbangun jakarta,, nek podo gontokan,lah piye arep kerjasama. Nek sing do protes macet, yo nek lungo kerjo nganggo bis ae, ben ora nambahi macet, sing protes banjir, mbok ya ngono do wei penyuluhan neng penduduk sing omahe cedak kali, ben ora mbuang sampah sak penak wudele dewe. Ngopo to do hujat menghujat, sampe ono sing nggowo2 agama, lah ngopo ngurusi agama wong liyo, awake dewe sing muslim wis sholat 5 waktu durung, puasa senen kemis durung, sodaqoh lan nglakoni sunah2 liane durung. Iki ki sing marai emosi,,kok do maen SARA,,sing mbangun bangsa iki ra mung wong islam, wong budha, hindu, kristen, katolik yo berperan. Duh kok aku dadi emosi..astaghfirullah…


Tapi jangan2 sing hobine komentar2 pedes lan elek2 iki cah cilik, esih pitik, dadine labil emosi. Mbok yo sing adil ae,,nek jokowi salah oleh di kritik,,tapi jo mung ngritik kasi solusi. Nek jokowi ono prestasine yo di apresiasi, ora malah golet2 kesalahan nggo nutup kebaikan.


Lah iki sakjane sing marai indonesia ra maju2, kurang apresiasi, hobi mencaci, lan senenge demo anarkis rono rene, lan sing nggawe jeleh iki hobi komentar kasar.


Kyo ra ono pendidikane babar blas..lah.. :-D


ah yo wis lah..kesel nulise…jentike sak kriting.



sumber : http://sosbud.kompasiana.com/2013/11/10/jokowi-haters-vs-jokowi-lovers-lah-kok-yo-kurang-kerjaan-temen-to-yo-608177.html

Artikel Terkait:

 

Kompasiana Blog Copyright © 2014 -- Powered by Blogger